WONG JOWO IN THE BLOG MENGUCAPKAN "SELAMAT TAHUN BARU MASEHI 2018", SEMOGA DITAHUN BARU INI GUSTI ALLAH SWT,BANYAK BERKAH DAN BAROKAH, SEHINGGA MENAMBAH KESEMPURNAAN HIDUP DAN IBADAH KITA, AMIN YA RABBAL ALAMIN

Wednesday, May 10, 2017

PARAMASASTRA ING BASA JAWA (TATA BAHASA JAWA)

Paramasatra Ing Basa Jawa

Abdi Dalem
Paramasastra basa Jawa iku ngèlmu wewaton bab panulis sarta tatananing tetembungan ing basa Jawa. Wis akèh kitab kang nganggo irah-irahan "Paramasastra" kang dianggit déning sawetara pujangga. Tembung camboran iki dijupuk saka rong tembung parama lan sastra. Loro-loroné tembung iki kasilih saka basa Sangskreta. Tembung parama iku tegesé sing dhuwur dhéwé, kamangka śāstra iku tegesé ngèlmu, kitab suci, buku, kawruh utawa sembarang tulisan utawa aksara.

Tata bahasa Jawa adalah istilah ilmu tentang penulisan dan hukum berbicara dalam bahasa Jawa. banyak buku yang mengatur sebagai pedoman dalam bertata bahasa dengan judul "TATA BASA" yang dipakai oleh beberapa penulis. kalimat ini berasal dari dua kata yaitu  Parama dan sastra. Kedua kata ini berasal dari bahasa Sansekerta. kalimat Pramana berarti tertinggi, sedangkan sastra berarti ilmu, kitab suci, buku, pengetahuan atau artikel atau surat.

Tata basa Jawa akèh njupuk istilah saka basa Sangskreta. Tata basa Sangskreta iki dikodifikasi lan digurit déning Pāṇini ing abad 6 SM. Ing jaman Jawa anyar, Ranggawarsita ngripta Serat Paramasastra Jawi kang umum digunakaké nganti saiki.

Aturan bahasa Jawa banyak istilah yang berasal dari bahasa Sansekerta. Tata bahasa Sansekerta telah mengalami perubahan dan dikenal dipakai pada abad ke-6 SM. Di zaman Jawa Baru, Ranggawarsita menulis dan menciptakan Tata bahasa Jawa digunakan sampai sekarang.

Ukara didhapuk saka tembung. Tembung dumadi saka wanda, lan wanda dumadi saka aksara.
Pamilihan Tembung
Tembung bisa diudhal manut wandane lan kudu adhedhasar tembung linggane ( menawa tembung andhahan )
Tuladha :

1.  gambar     = gam-bar
2.  gambaran = gam-bar-an
3.  keturon     = ke-tu-ru-an

Kalimat dirangkai dari kata. Kata ini terdiri dari sambungan huruf, dan suasana sambungan huruf dari karakter huruf.
Putusan Kata
Kata bisa dipisah menurut sambungan hurufnya dan harus berdasarkan pada huruf hidupnya (atau kata kerja)
Sebagai contoh:

Nalika cecaturan nganggo basa Jawa, ora mung kudu migatèkaké kaidah basa, nanging uga kudu nuhoni unggah-ungguhing basa, ya iku kudu ngetrapaké tataran basa sing cocog marang wong sing diajak wicara. Marang sepadha-padha utawa kanca saumuran, bisa dianggo tataran basa ngoko. Nanging marang wong sing luwih tuwa utawa kinurmatan, kudu nganggo tataran basa krama.

Ketika dalam pergaulan sehari-hari dengan bahasa Jawa, tidak hanya harus membawa aturan bahasa, tetapi juga harus menggunakan tata aturan bahasa, jadi harus menggunakan bahasa yang sesuai dengan orang yang kita ajak berbicara. dengan orang seumuran mereka atau teman-teman, bisa menggunakan bahasa jawa kasar. Tetapi jika kita berbicara  dengan orang yang lebih tua atau untuk menghormati orang lain, maka kita memakai bahasa jawa yang lebih halus.

Sumber : Pepak Basa Jawa, Wikipedia

No comments:

Post a Comment