WONG JOWO IN THE BLOG MENGUCAPKAN "SELAMAT TAHUN BARU MASEHI 2018", SEMOGA DITAHUN BARU INI GUSTI ALLAH SWT,BANYAK BERKAH DAN BAROKAH, SEHINGGA MENAMBAH KESEMPURNAAN HIDUP DAN IBADAH KITA, AMIN YA RABBAL ALAMIN

Friday, May 12, 2017

SILAH-SILAHING UKARA(JENIS2 KALIMAT)

Silah-silahing Ukara Ing Basa Jawa


Abdi
Silah-silahing ukara sing perlu di weruhi ana 6 warna, yaiku :

1.   Ukara Kandha ( Kalimat Langsung )
      Yaiku ukara sing ngandhaake omongan liyan kanthi persis.
      Tuladha :
      Bapak ngendika, “Sesuk aku menyang Jogja”.
      “Kowe kudu sing sregep ngaji” dhawuhe ibu.


2.  Ukara  Crita ( Kalimat Tak Langsung )
     Yaiku ukara sing nyritakke omongan liyan mung sarine / Ringase bae.
     Tuladha :
     Tini takon, kena apa aku wingi ora mlebu sekolah.
     Ngendikane guru, yen sregep sinau mesthi pinter.


3.  Ukara Tindak / Tanduk ( Kalimat Aktif )
     Yaiku ukara sing jejere nindakake pagawean.
     Tuladha :
     Ibu mundhut jajan kanggo tukang.
     Rudi ngunduh jambu.


4.  Ukara Tanggap ( Kalimat Pasif )
     Yaiku ukara sing jejere dikenani pagawean.
     Tuladha :
     Sarunge di krikiti tikus.
     Jajane dirubung semut.


5.  Ukara Pakon ( Kalimat Perintah )
     Tuladha :
     Jupukna tasku ing dhuwur kursi kuwi.
     Balekna buku iki menyang omahe budi.


6.  Ukara Panjaluk ( Kalimat Permohonan )
     Tuladha :
     Coba kowe mreneya dak kandhani.
     Tulung aku penekna blimbing kuwi.


Katrangan :
Ukara kandha bisa didadekake ukara crita, lan ukara crita uga bisa didadekake ukara kandha.
Miturut medharake gagasan, ukara bisa di perang dadi 2 warna :

1.   Ukara lamba ( Kalimat Tunggal )
      Yaiku ukara sing medharake gagasab mung siji.
      Tuladha :
      Adhik tuku buku.
      Tono nunggang kebo


2.   Ukara Camboran ( Kalimat Majemuk )
      Yaiku ukara sing medharake gagasan luwih saka siji. Ukara camboran iku rangkepane ukara               lamba.
      Tuladha :
      Didi cethil nanging mbak yuni loma.
      Danu munggah kelas amarga sregep anggone sinau.


Sumber : Pepak Basa Jawa

No comments:

Post a Comment