WONG JOWO IN THE BLOG MENGUCAPKAN "SELAMAT TAHUN BARU MASEHI 2018", SEMOGA DITAHUN BARU INI GUSTI ALLAH SWT,BANYAK BERKAH DAN BAROKAH, SEHINGGA MENAMBAH KESEMPURNAAN HIDUP DAN IBADAH KITA, AMIN YA RABBAL ALAMIN

Wednesday, May 10, 2017

TEMBUNG CAMBORAN (KATA MAJEMUK)

Tembung camboran (kata majemuk)

Tembung camboran (kata majemuk) yaiku rong tembung utawa luwih kang digandhèng dadi siji ngliwati sawijining prosès morfologi. Prosès morfologi ya iku prosès owah-owahan saka morfem dadi polimorfem, sing nduwèni kategori lan makna wutuh, saéngga polimeorfem iku disebut tembung. Jroning basa Jawa, ana telung prosès morfologi sing disinaoni, ya iku: prosès wuwuhan (pengimbuhan), prosès rangkep (pengulangan), lan prosès camboran (pemajemukan). Prosès camboran (pemajemukan) ya iku prosès panggabungan morfem dhasar, sing biasa digabung ya iku lingga karo lingga liyané. Camboran dipérang dadi loro, ya iku: camboran wutuh lan camboran udhar. Camboran wutuh minangka camboran sing konstruksiné digabung, saéngga ngasilaké siji makna. Déné camboran udhar arupa camboran sing konstruksiné kapisah lan maknané isih digabung, saliyané iku unsuré isih bisa digolèki. 

abdi dalem
adalah dua kata atau lebih yang terkait terikat melalui proses morfologi. Proses morfologi adalah proses pergeseran dari morfem menjadi polimorfem, yang memiliki seluruh kategori dan makna, sehingga disebut kata polimeorfem. Dalam bahasa Jawa, ada tiga proses yang dipelajari morfologi, adalah: proses tambahan (augmentation), proses penyatuan (pengulangan), dan proses penggabungan (majemuk). Proses penyatuan (majemuk) adalah proses penggabungan kata dasar, kata yang biasa digabung adalah kata dasar dengan kata dasar lain. kata majemuk dibagi menjadi dua, yaitu: kata majemuk utuh dan kata majemuk sebagian. kata majemuk utuh adalah konstruksi kata majemuk gabungan yang tidak mengalami perubahan, sehingga menghasilkan makna tunggal. Sedangkan kata majemuk sebagian adalah kata majemuk yang konstruksi kata terpisah dan maknanya sama, namun masih bisa berarti lain.

miturut tegese tembung camboran bisa kaperang dadi loro yaiku :

a.  Camboran Tunggal

     Nagasari, Semarmendem, Ulerkembang, Daramuluk

b. Camboran wudhar

     Gedhecilik, Meja tullis, Gedhang goreng, larabrantha

Miturut hubungan wanda

Miturut hubungan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa dipilah dadi telu, ya iku:

  • Tembung camboran kang nduwèni teges sadrajad. (kopulatif). 
          Tuladha: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang surung, sandhang pangan lsp. Reroncèn tembung                 bisa uga ditambahi tembung "lan" utawa "saha".
  • Tembung camboran kang tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif). 
          Tuladha: jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
  • Tembung camboran kang tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. 
          Tuladha: Parama sastra = sastra kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.


Sumber : Pepak Basa Jawa, Wikipedia

No comments:

Post a Comment