WONG JOWO IN THE BLOG MENGUCAPKAN "SELAMAT TAHUN BARU MASEHI 2018", SEMOGA DITAHUN BARU INI GUSTI ALLAH SWT,BANYAK BERKAH DAN BAROKAH, SEHINGGA MENAMBAH KESEMPURNAAN HIDUP DAN IBADAH KITA, AMIN YA RABBAL ALAMIN

Wednesday, May 10, 2017

TEMBUNG RANGKEP (KATA ULANG)

Tembung Rangkep (kata ulang)

Abdi dalem
Tembung rangkep yaiku sakabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bisa sakaehing tembung utawa mung sawanda. Tembung rangkep ana telung macem, yaiku :

1.  Tembung dwilingga

     a.  Dwilingga padha swara ya iku tembung kang diwaca kabèh linggané kaping pindho

  • Panas-panas, maca-maca, guru-guru, abang-abang.


     b.  Dwilingga salin swara ya iku tembung kang diwaca kaping pindho nanging ana wanda vokal               kang owah

  • Etang-etung, wira-wiri, kopat-kapit, mloka-mlaku, molak-malik.


     c.  Dwilingga semu

  • Ondhe-ondhe, undur-undur, andheng-andheng, athi-athi.

    Miturut tegesé
    Tembung dwilingga bisa dipérang miturut tegesé utawa dadiné, ya iku:
  • Dadi tembung aran. Tuladha: undur-undur, uget-uget, alang-alang, ari-ari, ali-ali.
  • Dadi tembung kahanan. Tuladha: mangar-mangar, kelap-kelip, rintik-rintik.
  • Mbangetaké. Tuladha: Aja asin-asin (aja asin banget), Aja seru-seru (aja seru banget).
  • Tansah. Tuladha: Wis ajar kok ora isa-isa (tansah ora bisa), Arep wiwit maca kok lali-lali waé   (tansah lali).
  • Senadyan. Tuladha: Alon-alon (senadyan alon), cilik-cilik (senadyan cilik).
  • Wektu. Tuladha: Awan-awan, bengi-bengi, bedhug-bedhug.
  • Paling. Tuladha: Murah-murahé, akèh-akèhé, larang-larangé.
2.   Tembung dwipurwa

      Tembung dwipurwa yaiku tembung-tembung diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep

  • Lara        =   lelara
  • Guyu      =  geguyu
  • Tuku       =   tetuku
  • Laku       =   lelaku

3.   Tembung dwiwasana

      Tembung dwiwasana yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing                 mburi.

  • Benyik  =  benyinyik
  • Cuwo    =  cuwowo
  • Pethet    =  pethethet
  • Penyo    =  penyonyo

No comments:

Post a Comment